(Sinawung ing Sekar Pangkur)
Panggulawenthah mring putra
Aywa kongsi kalepyan ing pamerdi
Anggegadhang budi luhur
Myang ruruh anoraga
Dhahat amemundhi mring piyantun sepuh
Tan pegat katresnan miwah
Nggegulang watak utami.
Angger pra putra sadaya
Sira aywa kendhat amesu budi
Prihatin angudi kawruh
Tikbra kalampahana
Amegeng sakehing godha sarta napsu
Nyata marganing kamulyan
Kang kajibah den rungkebi.
Para putra wayah samya
Gebyaring pasrawungan ing saniki
Tata krama tan rinengkuh
Subasita wus musna
Patrap cecanthangan myang tingkah keladuk
Tan tata murang susila
Gya aglis sira singkiri.
Ibarating pawiyatan
Duking taruna wus tindak nalisir
Mbadal sakehing pitutur
Sinareng ngancik yuswa
Saya wasis dadya sumbering dahuru
Ontran-ontran ing bebrayan
Njarah rayah myang korupsi.
Pepunton kang wus kalampah
Mring pra mudha keh kang samya mrenguti
Saking tumindak tan santun
Sapa kang dhawah lepat
Pra taruna amung kurbaning pra sepuh
Wit bocah tan digegulang
Kurban kelangan lelungit.
Angrungkebi tata krama
Kang sinengkuyung ing alusing budi
Wanter lan tatag wus jumbuh
Tatag wit titi tata
Mung kang titi lan tata woting panggayuh
Anduwa budaya manca
Kang ngrabasa manjing klilip.
Indonesia mulai berkembang pada zaman kerajaan Hindu-Buddha berkat hubungan dagang dengan negara-negara tetangga maupun yang lebih jauh seperti India, Tiongkok, dan wilayah Timur Tengah. Agama Hindu masuk ke Indonesia diperkirakan pada awal tarikh Masehi, dibawa oleh para musafir dari India antara lain: Maha Resi Agastya, yang di Jawa terkenal dengan sebutan Batara Guru atau Dwipayana dan juga para musafir dari Tiongkok yakni musafir Budha Pahyien.
Wednesday, February 17, 2010
Thursday, February 4, 2010
Madu
Wong tuwa biyen asring piweling supaya tansah nyawisake madu ing dhapur, kanggo kabutuhan masak utawa kanggo jejamu. Menawa ditlusur, piweling mau pancen akeh benere, awit pancen madu iku akeh pigunane.
Nalika lagi rerateng utawa masak, tanpa sengaja tangan nyenggol waja kang panas utawa kena pletikan mawa satemah njalari dadi tatu amarga barang panas. Menawa ing dhapur tansah cumawis madu, tatu anyar mau bisa tumuli dioseri nganggo madu. Madu mbabar rasa anyep, nyuda rasa lara sarta cepet nyarasake tatu tanpa ninggal tilas koreng. Madu bisa kanggo gantine salep utawa antibiotic, jalaran arang mikrobia kang bisa urip lan ngrembaka sajroning madu, awit madu mujudake cairan kang pekat utawa kenthel. Bab iki njalari mikrobia utawa bakteri kang kecernplung sajroning madu bisa mati amarga dehidrasi utawa kekurangan banyu.
Madu uga bisa kanggo sulihing gula pasir. Kejaba glukosa, madu uga ngandhut maneka vitamin, mineral, asam amino lan zat gizi liyane. Mula becik ngganti gula pasir nganggo madu, jalaran kejaba kalorine, zat gizi kang kinandhut gula pasir uga ora pepak. Madu uga bisa kanggo tamba irung buntet. Carane, mundhut madu sesendhok dhahar, banjur dilarutake ing banyu panas sabaskom. Sumebe banyu panas mau banjur kanggo sauna. Carane nganglungake sirah ing sanduwure baskom mau, kanthi krukuban andhuk. Istingarah irung buntet banjur pulih dadi Along maneh.

Jus jeruk tamba anyang-anyangen
Anyang anyangen pancen sawi jining lelara kang mangkelake. Arep bebuwang rasane lara, tur turas sing metu uga mung sethithik. Supaya ora gampang anyang-anyangen, diprayogakake ngunjuk banyu putih sing rada akeh. Dene kanggo tambane, bisa kanthi gawe jus jeruk pecel utawa lemon kanthi tambahan banyu sethithik. Dipilih jeruk lemon jalaran akeh ngandhut zat asam. Kanthi suwasana asam, bisa kanggo mateni mikrobia ing puyuhan. Dene manawa rasane kecut banget, bisa ditambah madu. Nanging uga kudu waspada, menawa panjenengan duwe lelara asam lambung utawa maag, prayoga ora ngunjuk jus lemon iki.
Kates, Jeruk, Tomat Ian Jambu Abang
Pranyata maneka woh-wohan kang gampang diprangguli ngandhut vitamin lan mineral kang migunani, mligine vitamin C. Mula saka iku prayoga saben dina nyawisake woh-wohan kanggo dhaharan kulawarga. Ora perlu woh-wohan impor kang larang regane, woh-wohan lokal kang regane bisa kagayuh, kandhutan gisine uga ora kalah.
Dhahar jeruk sedina kaping pindho, tetela bisa kanggo ngawekani influenza, nyuda kolesterol, nggempur watu ginjel, lan uga ngawekani lelara kanker usus. Kates lan jambu abang kondhang minangka rajaning vitamin C. Jambu abang uga akeh ngandhut serat pangan, satemah kanthi dhahar jambu abang bisa kanggo nglancarake nalika bebuwang. Kejaba vitamin C, kates lan tomat uga ngandhut karoten kang becik kanggo nutrisi lan kasarasaning mripat.

Teh Ijo
Teh ijo yaiku teh kang cara panggawene tanpa langkah fermentasi. Menawa teh ijo sawise digoreng banjur diungkep nganggo kembang melathi, iku kang disebut teh wangi, kaya kang gampang dituku ing warung warung sakiwa tengen. Ngunjuk teh ijo tetela gedhe pigunane. Menawa lagi pinuju ngeteh, ya uwis kareben bocah bocah melu ngicipi mirasane. Saora-orane sedina sacangkir wis cukup. Miturut sawijining panaliten, responder kang remen ngunjuk teh ijo, pembuluh aorta-ne banjur duwe lapisan kang bisa kanggo ngawekani kempeling getih. Bab iki bisa nyuda lelara jantung koroner.
Kejaba saka iku, kanthi sregep ngunjuk teh ijo uga bisa kanggo ngawekani krowak utawa grepesing untu/waja, jalaran teh ijo ngandhut fluoride kang alami. Teh ijo uga bisa kanggo ngawekani lelara gula utawa diabetes. Pholyhenol saka teh ijo bakal mepalangi kridhane enzim amylase, satemah bisa nyuda kadhar gula darah. Menawa gula getih utawa glukosa sajroning getih kadhare dhuwur, bisa njalari lelara diabetes.
Teh ijo uga bisa kanggo mateni bakteri kang mbebayani kayata Clostridia lan E.Coli. Mula kanthi ngunjuk teh ijo bisa kanggo nyuda dumadine keracunan amarga saka dayaning bakteri mau. Miturut sawijining panaliten ing Jepang, kemu nganggo teh ijo uga bisa kanggo nambah kekebalan lan ngawekani lelara influenza lan flu. Wondene panaliten ing Havard University, nuduhake menawa kandhutan kimiawi sajroning teh ijo bisa ngrangsang sel gammadelta T, kang njurung takating badan saka bakteri Ian virus.
Senajanta teh ijo akeh pigunane, nanging uga kudu kedah enget menawa teh uga ngandhut kafein. Menawa anggone ngunjuk kliwat wates, kepara malah bisa njalari tuwuhing insomnia, pangrasa was sumelang, lan keteging jantung ora ajeg. Nanging kandhutan kafein sajroning teh isih kalah akeh menawa katandhingake kafein sajroning kopi utawa unjukan mawa soda liyane.

Yogurt
Yogurt luwih dimangerteni minangka sawijining jinis unjukan kanggo kasarasaning pencernaan. Nanging satemene yogurt uga ndarbeni piguna liya, yaiku kanggo ngawekani bab kang ngganda. Ngunjuk yogurt kanthi ajeg bisa kanggo njaga karesikaning tutuk, mligine saka bakteri bakteri ing lumahing ilat. Ora perlu kudu mundhut yogurt impor sing regane larang, Yogurt gawean lokal babagan mutune uga ora kalah. Dene kanggo panjenengan kang nandhang gerah gula utawa diabetes, prayoga ngunjuka yogurt kang ora nganggo gula.
Jombang Tamba Mata
Mripat iku sawijining alat panca driya sing dibutuhake banget lan perlu dijaga kasarasane. Biasane yen mripat lara digolekake tamba rumah sakit utawa apotik awujud obat tetes. Nanging yen ditambani obat tetes durung mari coba takaturi nggunakake resep tradhisional Jombang bisa digunakake lelara mripat ber-air. Dene carane gawe 25 gram Jombang, 5 iris temulawak, 30 gram pegagan, 7 lembar godhong sendhok. Kabeh bahan mau digodhog karo banyu 5 gelas Ian dingengeh 2 gelas Ian sawise adhem disaring lan diunjuk sedina kaping pindho. Resep iki uga bisa kanggo nglancarake air seni.
Ngawekani Lara Maag
Wong kang nandhang lara maag, anggone ngawekani pancen gampang-gampang angel. Saban asring kambuh. Lelara iki pancen asring kumat yen anggone ngobati ora tuntas. Kajaba iku akeh wewalere, kayata ora kena dhahar kang pedhes-pedhes lan kecut. Uga jinis panganan kang kegolong susah dicerna kayata peyek lan sajinise. Sawenehing kupiya kanggo ngawekani yen nandang lara maag, yaiku perlu djaga supaya ora ngunjuk kopi lan inuman kang ngandhut alkohol lan soda. Pareng ngunjuk teh, nanging becike kang encer bae. Tansah nyoba dhahar kang teratur kanthi dhahar sega lembek utawa bubur utawa jinis dhaharan alus liyane. Kajaba kuwi, pikiran digawe kudu tansah tenang, ora kemrungsung, sabab yen emosi lan stres, maage bisa kumat. Lan yen wis berobat menyang dhokter, obate kudu diunjuk manut aturane.
Isi Waluh Tamba Batuk Rejan
Isi waluh uga bisa digunakake kanggo tamba lara Batuk/watuk Rejan. Carane gawe: Jupuken isi Waluh sagegem. Isi Waluh mau digoreng sangan nganti gosong, sabanjure dionceki kulite banjur digiling/digerus nganti lembut. Carane nggunakake gerusan isi Waluh sasendhok dhahar dilebokake ing gelas kang isine setengah gelas ditambah gula sacukupe lan diunjuk manget-manget.
Wedang Teh Luwih Seger
Ing wayah esuk, awan apadene sore enake ngunjuk teh anget utawa es teh, sinambi dhahar kemilan lan mirsani TV apadene nyetel Radhio. Para bapak malah padha remen ngunjuk wedang teh panas utawa teh ginasthel sinambi maos koran ana ing teras. Teh mono mereke werna-werna, lan kemasane uga neka-neka. Ana sing kemasane werna abang, contone teh 999, kemasane werna putih contone teh Gardu, teh Nyapu, teh Cathut, lsp. Malah wis akeh jinis teh instan lan teh celup. Yen ngepasi para maos ora kagungan dhuwit, anggone mundhut teh mung sakecekele wae, waton murah meriah. Malah kadhangkala para bapak anggone ngunjuk teh kurang marem lan mantep merga teh sing dipundhut ora kaya adat sabene. Mula kanggo ngawekani masalah kasebut nalika nggawe wedang teh panas diwenehi vanilli sethithik. Nah, para bapak ora padha pirsa yen satemene teh sing wingi-wingi wis salin aroma. Anggone ngunjuk wedang teh sajak luwih seger lan nyamleng.
Ngilangi kukul
Kanggo ngilangi kukul ign rai, nalikane arep mapan sare luwih dhisik raup mawa banyu anget. Sawise rai dilap resik, banjur mundhut tomat kang wis mateng, diparo lan digosok-gosokake ing kulit rai kanthi warata. Nalika wsuk wungu sare, rai kawasuh mawa peresan banyu jeruk. Kukul bakal ilang lan wai katon resik. Yen kurang marem, dibaleni maneh ping pindho utawa ping telu.
Nambani Kencing Manis
Mundhuta woh kemlandhingan kang wis tuwa lan garing sacukupe, digoreng sangan, terus didheplok lembut. Banjur dicuri banyu panas, kaunjuk kaya yen ngunjuk kopi.
Ngilangi Caplak
Kanggo ngilangi caplak utawa kutil, mundhuta godhong kates lan godhong kemangi sacukupe, godhong suruh 7 lembar, kapur putih lan sabun. Bahan-bahan kasebut didheplok dadi siji, banjur diolesake ing perangan awak kang kutilen. Ing wektu ora suwe kutil bakal ilang.
Subscribe to:
Comments (Atom)